Lintang Asmoro

Dru wendra & Galih yuana, Ghea

Siang pantara ratri
Mung eling manising ati
Sedyaku bisa anduweni
Marang sang dyah sulaksmi

Rasa kangen kang nglimputi
Lintang bulan dadi seksi
Ubayane datan mbalenjani
Janji sebaya mukti sebaya pati

Wong ayu tresnamu kinarya tamba
Susah jroning batinku
Wong bagus antebna rasa atimu
Tresnaku tulus jroning kalbu

Senadyan ngarungi banyu segara
Rasaku rabakal sirna
Senadyan nyawa oncat saka raga
Wis tresna rabisa dipisahna

Yen wis tresna ora bisa dipisahna

Curiosidades sobre la música Lintang Asmoro del Shepin MIsa

¿Quién compuso la canción “Lintang Asmoro” de Shepin MIsa?
La canción “Lintang Asmoro” de Shepin MIsa fue compuesta por Dru wendra & Galih yuana, Ghea.

Músicas más populares de Shepin MIsa

Otros artistas de Asiatic music