Nekat Lungo

Pengkik Pengkik

Dik...opo sido nekat lungo tenan
Neng Arab Hongkong opo neng Taiwan
Opo ora penak neng omah wae
Piro piro rejeki disyukuri

Aku..mung mesakne anak e dewe
Piye mengko yen kangen karo ibuke
Ugo wedi nasibku koyo kang Parno
Kowe sugih kepencut karo wong liyo

Mas...rino wengi kabeh wis tak pikir
Lilakno lungoku ojo kuwatir
Dongakno ra suwe neng penampungan
Enggal budal banjur oleh gawean

Bebasan mangan kurang nyandang cingkrang
Yen mung njagakne kayamu sing pas pasan
Opo maneh pingin mbangun omah gedong
Tangeh lamun bakal biso kelakon

Yooooalaaah...uriiiip...
Uripku ngene dadine
Yen kowe lungo neng Hongkong
Rong taun aku mok tinggal
Awan dadi tukang momong
Yen bengi ngeloni bantal

Yooooalaaah....Sabaaaar...
Sampean mung bunci sabar
Ojo sambat ojo ngeluh
Luweh becik ndongo wae
Janji ra bakal slingkuh
Bali kumpul selawase

Curiosidades sobre la música Nekat Lungo del Nella Kharisma

¿Quién compuso la canción “Nekat Lungo” de Nella Kharisma?
La canción “Nekat Lungo” de Nella Kharisma fue compuesta por Pengkik Pengkik.

Músicas más populares de Nella Kharisma

Otros artistas de Asiatic music