Kudu Misuh

Dalang Poer

Cobo to gagasen lelakonku iki
Ra ono senenge susah sing tak temoni
Ngolah ngaleh gawean kabeh ra nate ngunduh
Dino dino isine mung kudu misuh
embuuh...

Nyobo nggarap sawah tinggalane wong tuaku
Nggumunku saben" tandur rega rabuk’e duwur
Bareng tibo panen rega gabah’e medun
Kabeh modal utangan ora biso kesaur
ajuur...

Sawah tak dol murah aku nyicil angkudes
Lagi nyopir seminggu rega bensin’e ngenthes
Tarif tak mundak’ke penumpang nggerundel ae
Kerep telat Oli rusak ring sak methal’e
Hoo kere...

Montor nggangkrak neng bengkel ra biso ogel ogel
Rasane uripku mung gari thengel - thengel
Nyepi nang kuburan golek tembusan togel
Nomer ngeblong terus aku tambah dedel duel
Hoo gathel...

Kabeh dalan wis buntu aku nekat mbandar dadu
Durung ono sing udu keamanan wis njaluk sangu
Ono oknum tentara ono oknum polisi
Obrakan wingi wingi wis kerep tak lakoni

Bareng prei ra nyangoni aku diseret nang bui
Diganjar telung sasi… misuh sak jroning ati

Ndlogok Jiaraaaannn

Curiosidades sobre la música Kudu Misuh del Fida AP

¿Quién compuso la canción “Kudu Misuh” de Fida AP?
La canción “Kudu Misuh” de Fida AP fue compuesta por Dalang Poer.

Músicas más populares de Fida AP

Otros artistas de Asiatic music